Conto: Server panukaran

Statistik umum · Serial wektu

Grafik tumpukan sing nuduhake jumlah alamat IPv4 & IPv6 sing ngrespon saben dina sajrone seminggu kepungkur, kanthi global, sing ditag minangka CVE-2023-36439.

Statistik umum · Visualisasi · Tabel

Tabel sing nuduhake jumlah alamat IPv4 & IPv6 sing ngrespon saben dina sajrone sedina kepungkur, kanthi global, sing ditag minangka CVE-2023-36439.

Statistik umum · Peta wit

Peta wit sing nuduhake jumlah alamat IPv4 & IPv6 sing kadeteki ing tanggal sing disetel, sing ditag minangka CVE-2023-36439, kanthi jumlah per negara sing diwakilake kanthi proporsional.

Ngeklik ing segmen negara bakal menehi rincian sumber, plus statistik umum sing sumbere saka CIA world factbook.

Conto: Piranti CWMP sing kapapar

Statistik umum · Serial wektu

Timeline sing nampilake data riwayat 2 taun (rentang maksimal ing dasbor umum) - ing kasus iki kanggo Arab Saudi, yaiku sing nampilake jumlah alamat IP piranti CWMP sing kapapar sing kadeteksi saben dinane.

Cathetan: Grafik iki nampilake paningkatan drastis babagan paparan CWMP ing pungkasan sasi Januari 2023

Conto: Instance MISP

Statistik piranti IoT · Visualisasi · Diagram kothak

Sawetara solusi piranti lan software bisa digawe sidik driji sajrone mindhai. Grafik iki nuduhake (ing skala logaritma) jumlah alamat IP sing dideteksi saben dina rata-rata, sajrone sesasi kepungkur, kanthi instance MISP lagi mlaku.

Conto: Kelemahan sing dieksploitasi

Statistik serangan: Kelemahan · Monitoring

100 upaya kelemahan sing dieksploitasi paling ndhuwur sing kadeteksi (saka monitor Shadowserver ing honeypot kita), wiwitane diurutake miturut alamat IP unik sing nyerang sajrone sedina kepungkur.

Kanthi ngeklik opsi Peta, pangguna bisa ngganti ing antarane Jinis Host "Source" (Sumber) utawa "Destination" (target) (geolokasi IP sing nyerang vs geolokasi IP honeypot).

Cathetan: Geolokasi sing nyerang bisa uga ora ngwakili lokasi panyerange kanthi akurat.

Conto: Ngartikake event

Ngenggo dasbor kanggo ngatikake event: Tambah anomali ing piranti CWMP sing kapapar (router omah Huawei sing dipercaya) ing Mesir, banjur dening serangan Mirai saka negara sing padha.

Catethan: Shadowserver makarya karo nCSIRT Mesir kanggo ngabari & remediasi.

Statistik piranti IoT · Serial wektu

Observasi munggahake volume piranti IoT sing kapapar diumumke babagan infrastruktur Mesir ing/sekitar 5 Januari 2023.

Kueri

Statistik piranti IoT · Peta wit miturut vendore

Mundur lan maju nglewati tanggal nampilake piranti sing kamungkinan bisa dadi piranti Huawei sing lagi katon saka 5 Januari 2023.

Kueri

Statistik umum · Serial wektu

Lonjakan sing gegandhengan ing deteksi CWMP sing kapapar saka pamindaian sing cocog karo lonjakan 5 Januari 2023.

Kueri

Sensor honeypot Shadowserver ngenali piranti Mesir sing dicurigai kebobolan sing launching Mirai lan serangan brute force.

Kueri

Serangan Brute Force Telnet sing cocog uga katon saka piranti Mesir sing kebobolan.

Kueri

Ngenggo akeh sumber lan milih opsi Tag lan Overlapping (Ttumpang tindih) bakal nggampangake observasi kanggo ditampilake ing grafik sing padha.

Kueri

Conto: Laporan khusus

Kadhangkala Shadowserver ngerilis laporan khusus sepisanan. Kita ngumumake datane ing X/Twitter lan ing situs web kita - nanging sawise event kasebut sampeyan bisa uga pengin ngerti tanggal sing cocog. Cara nggoleki tanggal yaiku ngenggo Bagan Serial Wektu, kanggo nggoleki tanggal Laporan Khusus - banjur sampeyan bisa mindah tanggale menyang bentuk liyane sing luwih cocog karo statistik siji dina (contone peta utawa peta wit). Sumber laporan khusus disetel dadi special (khusus) ing dasbor.

Nggoleki Laporan Khusus ing Bagan Serial Wektu:

Kueri

Peta wit kanggo conto Laporan Khusus sing ditemokake tanggal 29 Januari 2024:

Kanggo dhaptar Laporan Khusus, waca dhaptar laporan ing situs web utama kita. Laporan khusus bakal nduwe "Special" ing jenenge.

Conto: Bagan serial wektu

Ngalihake dadi kontras dhuwur

Bagan Output Serial Wektu kanthi default wenane abu-abu cahya kanggo garis sumbune. Kanthi milih "Toggle High Contrast" (Ngalihake dadi kontras dhuwur) garis sumbune bisa diowahi dadi ireng - sing bakal nggampangake reproduksi ing laporan.

Ngalihake visibilitas

Yen akeh serial data ditampilake ing bagan Serial wektu - saben serial data bakal dijenengi ing ngisore. Kanthi milih "Toggle Visibility" (Ngalihake visibilitas), sampeyan bisa mbusak kabeh serial data saka tampilan.
Banjur sampeyan bisa ngeklik item sing pengin ditampilake kanthi jeneng ing ngisore bagan. Skalane bakal otomatis disetel kanggo nampilake serial data/kombinasi sing sampeyan pilih.

Ngalihake tumpukan

Yen ana akeh serial data sing ditampilake ing Bagan Serial Wektu, ana LORO cara kanggo ndeleng data sing tumpang tindih (sing beda karro set data tumpukan). Sing kaping pisanan ngenggo tombol pilihan "overlapping" (tumpang tindih) ing kiwa layar. Iki bakal ngasilake bagan sing garise resik kanggo saben set data.
Yen ora, gunakake opsi "Toggle Stacking" (Ngalihake tumpukan) saka pamilih hamburger kanggo nggawe bagan sing saben set datane nduwe warna isian dhewe-dhewe. Gumantung saka data sampeyan, pendekatan sing beda bakal ngasilake asil sing luwih jelas.

Pangembangan Dasbor Shadowserver didanai dening UK FCDO. Statistik sidik driji piranti IoT lan statistik serangan honeypot didanai bareng dening Connecting Europe Facility ing Uni Eropa (EU CEF VARIoT project).

Kita matur nuwun sanget karo kabeh mitra sing menehi kontribusi kanggo data sing dienggo ing Dasbor Shadowserver, kalebu (kanthi abjad) APNIC Community Feeds, CISPA, if-is.net, Kryptos Logic, SecurityScorecard, Yokohama National University lan kabeh sing tetep milih dadi anonim.

Shadowserver ngenggo cookie kanggo ngumpulake analitik. Cookie iki nggawe kita isa ngukur carane situs dienggo lan nambah pengalaman kanggo pangguna. Kanggo informasi liyane babagan cookie lan cara ngenggo Shadowserver, waca kabijakan privasi kita. Kita butuh idin sampeyan kanggo ngenggo cookie kanthi cara iki ing piranti sampeyan.